PAMBAGYAHARJA
Assalamu’alaikum wr.wb.
Dhumatheng panjenenganipun Kepala Desa Kaliboto dalasan para
perangkatipun ingkang kula urmati. Bapak Ketua RW lan RT saha para tamu
undangan ingkang kinabekten. Kadang-kadang kula Karang Taruna Lestari Asri
ingkang winantu ing suka basuki.
Para tamu ingkang winantu ing suka rena, mangga langkung rumiyin
kula dherekaken ngaturaken puji dalasan syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang
Maha Agung. Awit kula lan panjenengan kaparingan kasarasan. Dene ing dinten
ingkang sae punika panjenengan lan kula saged rawuh wonten acara “Halal Bi
Halal” Karang Taruna Lestari Asri wonten Dukuh Ngeloasri mriki.
Para tamu undangan ingkang kula urmati, kula ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpo upami menggah karawuhan panjenengan sami. Mugi-mugi
karawuhan panjenengan ing pangajab, kula saha kadang-kadang Karang Taruna
Lestari Asri kersa a hanampi sungkem saha paring pangapunten kadang-kadang
Karang Taruna Lestari Asri.
Sepisan, kula minangka wakil saking kadang-kadang Karang Taruna,
kathah sanget kekiranganipun awit saking menika wonten wekdal sae punika
panjenengan kersa paring pangapunten dhumateng sedaya kadang-kadang Karang
Taruna Lestari Asri.
Dene ingkang angka kalih, ugi saklebetipun sesambetan saha
sesrawungan mbokbilih kathah sanget atur ingkang mboten ngremeni dhumateng
panjenengan sedaya, Kula minangka wakil Karang Taruna ngaturaken Sugeng Riyaya,
Minal Aidzin Wal Faidzin. Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir
tulusing batin.
Mugi Gusti Allah paring pangapunten dhumateng panjenengan lan
kula. Lan mugi-mugi sedaya dosa saha kalepatan saget kalebur wonten ing dalu
puniki.Amin...
Para rawuh ingkang kula urmati, mekaten atur pambagyaharja
saking kula minangka wakil saking kadang-kadang Karang Taruna Lestari Asri,
mbokbilih kathah kekirangan saha kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.
Mugi-mugi panjenengan lan kula pinaringan berkah lan hidayah saking ngarsanipun
Allah SWT.
Wassalamu’alaikum
wr.wb
Assalamualaikum Wr.Wb
Dhumateng ibu kepala desa ingkang kula kurmati, bapak kepala dusun ingkang kula
bekteni, ugi bapak ibu sedaya ingkang rawuh ingkang winantu ing kabagyan lan
kawilujengan.
Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, sakderengipun panjenengan sedaya lan
kula ngawiwiti adicara punika, mangga ingkang sepisan panjenengan lan kula
ngucapaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuasa awit
panjenengan lan kula tansah kaparingan kasaran lan kanikmatan saengga saged
makempal wonten ing mriki kangge nglampahaken adicara halal bihalal.
Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, sakderengipun mlebet ing adicara utami
kula ngaturaken maturnuwun amargi bapak lan ibu sedaya sampun nglonggaraken
wekdal kangge rawuh wonten ing mriki. Para rawuh ingkang winantu ing
pakurmatan, sesasi kapungkur panjenengan sedaya lan kula sampun nglampahi ingih
punika siam wajib kangge nglampahaken dhawuhipun Gusti Allah ingkang utami
inggih punika kangge tiyang muslim. Ing wekdal punika panjenenga lan kula
makempal wonten ing mriki kangge ngawontenaken silahturahmi, sami nglebur dosa
dhumateng tiyang sanes. Amargi mboten wonten tiyang ingkang mboten gadhah
lepat, awit punika mangga panjenengan lan kula sami ngikhlasaken ati kangge
nyuwun pangapunten lan menehi pangapunten.
Para rawuh sedaya, mugi-mugi keikhlasan kita nyuwun pangapunten saha atur
pangapunten saged ndadosaken kita sedaya tiyang ingkang langkung sae, lan
mugi-mugi panjenengan lan kula tansah dipunparingi berkah dening Gusti Allah
supados saged pepanggihan malih ing ramadhan taun ngajeng.
Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, kula kinten semanten ingkang saged
kula aturaken. Sedaya saenipun inggih punika saking Allah SWT, lepatipun saking
kula piyambak. Menawi lepat kula nyuwun agenging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb
The 6 best slots casinos for USA players
BalasHapusWithdraw winnings can luckyclub.live be a lot of time-consuming and tedious process. Many online slots may require a certain amount of payment. This is especially true if you want to win cash prizes